KEPUDANG (desakeputihan_jerewongtua)
Kepudang kwe melune kelurahan gunung agung kecamatan bumijawa kabupaten tegal..
Ger sampean wong bumijawa ya pasti paham nemen... sing durung paham ya kiye rutene...
Misal sampean sing arah linggapuna numpak bae angkutan desa sing mobile warnane pink utawa abangjambu...trus ngomong bae ning supir angkot mudun ning baledesa gunung agung, trus mlaku meng arah selatan lurus bae ngidul ngikuti dalan desa ktemu pertigaan lurus bae,,, nemoni jembatan sing ana gerbang utawa gapura sing warnane oren ana logo kr tulisan groak...nah sing kono pedukuhan kepudang dimolai..
Kepudang rt terbagi dadi 4 rt lan mlebune rt 4..
Nahhh.... jumlah penduduke kurang luwih ya antara 800-1000... angger pekerjaane sing umum ya dadi tani senajan kur nggarap sawahe wong mboran... tpi angger sing nom sih ana sing krja bangunan tukang gipsem ning jakarta ana sing ning cerbon kuningan ana sing dolanan manuk ayam lan macem macemlahh...ger bocah wadon sing jkrtahan ya biasa ning perumahany... mbari iseng iseng mbokan ktmu jodo ning perantoan..hehe...
Aja klalen mbokan rika pada pengin wisata sing menantang adrenalin ning kepudang ana sing arane watu jengkok...watu jengkok kwe ning critane ya ana watu song rupune kya jengkok..letake ning kidule kepudang lewate sawah sing dalane indah nemen.. angger ws anjog puncake watu jengkok...jan....indahe ciptaane gusti alloh..rika rika bisa ndeleng ngulon ngalor katon kabeh pokoke...go sing seneng foto ya tempat sing tepat ya watu jengkok
Ya wis dingin mben disambung maning critane....nyonge pan kerja maning...
Mbokan ana kata"/informasi sing salah ya pangampurane
Sedurunge lan sawise matursuwun go sing ws mampir ning blogg_e nyong...
Aj klalen kenalan..hehe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar